Peluang Bisnis

Sponsored Links

OJO DUMEH

Salah siji sifat sing paling digeting karo Allah SWT yoiku dumeh (sombong). Dumeh yoiku nganggep awake paling gede lan nganggep wong liyo luwih cilik.

Allah nglarang kito dumeh:

”Dan janganlah kamu berjalan di muka bumi ini dengan sombong, karena sesungguhnya kamu sekali-kali tidak dapat menembus bumi dan sekali-kali kamu tidak akan sampai setinggi gunung.” [Al Israa’:37]
Allah geting karo wong-wong dumeh:

”Dan janganlah kamu memalingkan mukamu dari manusia (karena sombong) dan ojolah kamu berjalan di muka bumi dengan angkuh. Sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang sombong lagi membanggakan diri.” [Luqman:18]
Nabi junjungan kito Ngendiko, lak wong sing sombong utowo dumeh walaupun cuma setitik mongko gak bakalan mlebu suwargo:

Dari Ibn Mas’ud, dari Rasulullah Saw, beliau bersabda: “Tidak akan masuk sorga, seseorang yang di dalam hatinya ada sebijih atom dari sifat sombong”. Seorang sahabat bertanya kepada Nabi Saw: “Sesungguhnya seseorang menyukai kalau pakainnya itu indah atau sandalnya juga baik”. Rasulullah Saw bersabda: “Sesungguhnya Allah Swt adalah Maha Indah dan menyukai keindahan. Sifat sombong adalah mengabaikan kebenaran dan memandang rendah manusia yang lain” [HR Muslim]
Nabi ngendiko yen wong sing dumeh niscoyo arep disekso karo Gusti Allah mengko ning neroko jahanam.

Imam Ghozali ning kitabe, ”Ihya’ ’Uluumuddin” nulis yo’opo biso menongso iso sombong sementoro ning watenge enek 1-2 kilo reget sing mambu badeg?

Kadang wong sombong mergo donyane. Ayo cobo di tebak, sopo menongso sing paling sugeh sak ndonyo? Qorun ndisik sugih banget. Butuh wong 7 sing kuat-kuat kanggo ngangkat “KUNCI-KUNCI” gudange sing isine emas lang permoto. Wong sing sugih ning ndonyo sa’iki (per 20 Agustus 2007), Carlos Slim (ngalahke Bill Gates sing nduwe kekayaan US$ 56 milyar) nduwe kekayaan US$ 59 milyar utowo setoro Rp. 551 trilyun lewih (Fortune Magazine).

Ning, sing patut di mangerteni, yen wong sing disebut sugih mau waktu lahir ora nduwe opo-opo. Mengkono ugo pas mati ora nggowo opo-opo kecuali kain sak lembar.


”Tidaklah berguna baginya harta bendanya dan apa yang ia usahakan.” [Al Lahab:2]

Teko tulisan ning nduwur mau wis gamblang yen menungso iku ora pantes sombong, ancamane yoiku neroko yoiku neroko jahanam.

Mugo-mugo kito kabeh didohne teko penyakit sombong, supoyo kito biso dadi wong sing rendah hati.

Sampeyan setuju monggo, gak setuju yo monggo.
Ngono wae kok repot.

1 komentar:

mantappp passssssssss karo punjere urepp

Unknown mengatakan...
16 Februari 2013 pukul 08.43  

Posting Komentar

Design by Ojo Dumeh lihat cara menggukannya pada Alauddin 3 Column Template.